Contact Us

Nama

Email *

Pesan *

JAGAD_ WASESANE

JAGAD_ WASESANE


Sasmitane wong urip
Mulang-mulung jroning ati
Rekasane para kawula
Kang katemben nampi coba
Jagad wasesane
Dumadine perang gedhe
Rekasane wong sa bumi
Tinapakna wus wancine
Ora gampang den ulati
Jagad wasesane
Heh para manungsa kang nyata
Apa sira ra meruhi
Putri nata jroning wana
Kang lagi anesu budi
Jagad wasesane
Gya maminta maring kawasa
Murih santosaning nagari
Jumedule Ratu Adil
Kang agawe katentreman
Jagad wasesane
Sineksenan bumi langit
Kang abisah bengkas karya
Reratune jagad iki
Ayem-ayem adil makmur
Sesarengan marang kawula.
Kembang ,Tyo. 04.06 2012 (23.30)



Back To Top