Contact Us

Nama

Email *

Pesan *

Bebasane Cokro Manggilingan

Bebasane Cokro Manggilingan

Depok Prondan

Mobah musiking jagad royo
Laku jantraning manungso
Amung Gusti kang wenang murbo
Kawula datan kuwawi nduwo
Anane amung sendiko
Senajan to wenang ambudidoyo
Wekasane amung pasrah sumarah
Ing sesengkeraning sang jagad pratingkah
Pindane roda bebasane
Yen wis muter datan ngerti arahe
Ono ing ngendi bakal tumibane
Gusti dewe kang mernahake
Mulo podo eling di eling
Jagad wis tuwo
Manungso bakal bali
Nyang mulo mulaniro
Estinen dawuhing Gusti
Udinen dununging Gusti
Yen pancen siro siswo alam
Titinen cokro manggilingan
Gusti mono datan sangkan datan paran
Adoh tanpo wangenan
Cedak datan senggolan
Datan keno kinoyo opo

Kawitane poso 1945. Romandon 1433 H
Karyane Depok prondan







Back To Top