H. Achmadi, SPd.
Yen crita bab sate kambing tak kira adhik-adhik kabeh wis asring ngrasakake. Kejaba ngandhut protein hewani, uga pancen rasane kang bisa njogedake ilat. Nanging yen ana pitakon, sapa sing paling dhisik ngrasakake sate kambing, kita ora ngerti. Kanggo nambah sesurupan, mula bakal dak andharake sapa kang paling dhisik weruh rasane sate kambing.
Miturut crita saka Tiongkok, kuna, kira-kira 70.000 abad kepungkur, wong-wong kana mung mangan daging mentah bae. Daging kewan kang diburu mung cukup disuwek utawa disempal-sempal bae. Banjur dipangan lawaran kanthi untu-untu kang rasake rosa. Yen dideleng klawan cara jaman saiki pancen banget nggilani. Nanging wektu semono cara-cara kuwi wis dianggep lumrah.
Ing crita kuwi nerangake maneh yen carane nyate kang sepisanan kuwi ora adhedhasar kasengaja nanging mung dhapur kebeneran bae.
Ana sawijining pangon wedhus kang aran Ho-ti. Kaya adat saben, esuk kuwi Ho-ti mangkat menyang alas saperlu ngarit suket kanggo pakan wedhuse. Kang jaga omah kapasrahake marang anake kang aran Bo-bo, bocah lemu ginak-ginuk tur akeh pangane. Kaya bocah sakpantarane, Bo-bo kasenengane dolanan. Dolanan apa bae kang tinemu. Kalebu uga dolanan geni.
Ing esuk kuwi uga, Bo-bo dolanan geni ing njero omahe. Dheweke ora eling yen geni iku mbebayani, bisa gawe kacilakan gedhe. Ora kasengaja pletikan-pletikan geni kuwi mencelat ing damen garing kang ditumpuk ing pinggir gedheg. Dhasar angin rada midhit. Bel...... damen garing enggal kumelun lan genine ngalad-alad ngobong sing ana ing kiwa tengene. Omah kang ing njerone ana wedhuse kuwi sanalika kobong.
Nganti sauntara suwe genine lagi sirep. Sing keri mung awu anget kang ora ana ajine. Wis samesthine yen kobongan kuwi prastawa gedhe kang nggawa kapitunan. Nanging kang luwih nyedhihake kejaba wedhuse cacah sanga kang katut dadi awu. Yen prakara omah ora ndadekna kangelan. Amarga Bo-bo ngerti yen kanthi nata pang-pang kayu lan numpuki damen-damen ing sandhuwure ngono bae wis awujud omah. Nyambut gawe ora nganti sedina bae, dheweke lan bapake wis bisa ngrampungake adege omah. Nanging yen bab wedhus....
Dheleg-dheleg Bo-bo anggone mikir, apa kang arep diaturake mengko yen bapake teka. Yen kandha apa anane ora wurung gigire babak belur dadi kurban dukane bapake. Yen ora kandha apa anane, gek apa jawabe mengko?
Lgi tengah-tengah nglaras ukara kang bakal diaturake mengko, irunge Bo-bo nyengar-nyengir ngganda barang kang arum sedhep. Rasane durung tau ngambu ganda ngene iki. Gek saka ngendi sangkane lan kaya apa rupane, ndadekake pitakon gedhe ing atine. Lingak-linguk dheweke ngupadi sumbere ganda.
Rada suwe Bo-bo judheg pikire, amarga durung bisa nemokake jawaban kanggo bapake wis kasusul ngambet ganda kang aneh kuwi. Gandane saya suwe saya nggembuleng ngamuk irung. Riwa-riwi dheweke ora ngerti apa kang kudu ditindakake kanggo ngrampungi reribet ing atine.
Nalika dheweke kelingan wedhus-wedhuse kang wis katut kobong, tangane grayang-grayang ing njero awu anget. "Eeee..... nek manawa isih ana tandha-tandha wedhuse isih bisa urip," batine.
Nyos.... tangane keblusuk menyang barang panas. Kanggo ngilangake panase langsung bae tangane dilebokake cangkem. Sawatara daging wedhus anget kesangkut ing driji-drijine. Lan kanthi mengkono si Bo-bo minangka wong kang sepisanan ngrasakake daging wedhus kang dibakar.
Bareng krasa enak, mula sepisan maneh tangane grayang-grayang menyang awu anget kuwi. Panase wis suda. Lan kaya mau uga driji-drijine didilat-dilat. "Wah nyamleng banget rasane. Lagi pisan iki ketemu karo pangan kang pancen bener-bener enak," batine.
Mula ora sranta dheweke banjur motha-motha daging wedhus bakar kuwi lan disujeni nganggo pang kayu. Dhokoh olehe mangan nganti ora ngerti yen bapake wis ana ing sandhinge. Kanthi nggawa penthung, Ho-ti menthungi geger lemu kuwi tanpa takon-takon-takon dhisik. Bola-bali anggone ngajar anake, nanging pisan iki aneh banget. Bo-bo ora mingser saka panggonan lungguh. Tangane kiwa tengen ora ginggang karo daging wedhus kang pancen durung tau dirakake sadurunge. Disegurah bae bapake ngajar gegere nganti mbalur-mbalur abang.
Bareng sing dipangan wis kari balung-balunge, lagi Bo-bo yoba sumingkir saka amuke bapake kang nesu banget kaya wong kesurupan.
"Apa sing kok pangan kuwi, he....? Durung maren yen kowe wis ping telu iki saben-saben ditinggal mesthi ngobong omah. Lan saiki malah mangan barang kang nggilani. Apa barng kang kok dilati kuwi? He....?" pitakone Ho-ti karo ngawengake penthunge.
"Oh..... bapak, wedhus... bapak... wedhus...." jawabe karo nggragap.
"Apa, aku kok anggep wedhus? Bocah ora tata!"
"Ah, anu, pak. Wedhus bakaran. Enak banget, pak. Jajalen ta, sithik bae!"
Ho-ti mrinding amarga rumangsa gila weruh anake mangan daging bakaran. Pisuhe mawut sebab iku barang kang ora lumrah ditindakake. Nanging Bo-bo ora maelu dukane bapake. Dheweke grayang-grayang maneh. Ora antara suwe ketemu sempol wedhus kang isih kumelun panas. Langsung bae disempal lan dicaosake marang bapake.
"Pangan, panganen.... panganen, pak! Jajalen sithik bae, pak, kanthi nyebut asmane para dhewa, panganen daging wedhus bakaran iki!"
Ho-ti tansaya gemeter sekujur awake ndulu anake kang tumindak ora salumrahe kuwi. Wis kudu kuduwa dipateni. Nanging nalika kuwi dheweke krasa yen tangane panas keslomot kena daging bakaran kang diathungake si Bo-bo. Kaya lumrahe yen kena geni enggal-enggal tangane diemut supaya adhem. Lan apa kang kedadeyan? Mripate Ho-ti mblalak amba amarga ngrasakake rasa gurih kang salawase urip durung tau diprangguli.
Sabanjure anak lan bapak katon ribut, iwut cekoh anggone mangan. Mangan kang sabenere mangan. Durung leren anggone ngematake rasa nikmat yen durung resik nganti kari balung-balunge.
Bo-bo kudu bisa ngregem wewadi gedhe iki. Amarga yen nganti tangga teparo krungu utawa mangerteni wewadi iki, ora wurung yen wong loro kuwi bakal entuk pepalang. Paling ora dheweke diperjaya rame-rame. Amarga wis wani ngowahi kodrat daging mentah berkahing Dewa.
Ora gantalan sasi, ing masyarakat kono wis krungu kabar-kabar aneh. Apa ora nggumunake yen ta omahe Ho-ti ing wektu keri-keri iki kerep kobaran. Senajan ta kobongan-kobongan cilik. Pisan iki rina, nanging kerep-kerepe ing wektu bengi.
Lagi bae Ho-ti tuku wedhus loro utawa telu, ora let suwe omahe kobongan maneh. Yen dhisik saben-saben kobongan mesthi Bo-bo kang dadi sasaran korban nepsune bapake. Nanging kepriye saiki? Aja maneh nganti menthungi, malah tansaya kandel sih katresnane marang anake si Bo-bo.
Nanging ing paribasan wis kaandarake "Sak pinter-pintere nyimpen bathang, mesthi bakal mambu." Wewadi kang wis diregem kanthi rapet kepeksa dimangerteni dening tangga teparone. Amarga kanthi sesidheman ana pawongan kang sengaja nginjen tingkah lakune saben-saben bubar kobongan.
Sidane bapak lan anak ditimbali lan diadhepake ing pengadilan ing Peiping kang nalika semana isih awujud desa cilik. Sidhang diwiwiti. Para saksi wis didhedhes keterangan. Panganan kang dianggep nggilani, yaiku wedhus bakar diadhepake minangka barang bukti. Ukuman enggal arep diputusake. Sadurunge mutusake ukuman, hakim njaluk supaya dijupuake daging kuwi sairis. Para hakim liyane padha nyuwil sethithik banjur padha ndilat ngecapake.
Aneh.....para hakim padha pandeng-pandengan antarane siji lan sijine. Kabeh padha manggut-manggut. Sabubare rembugan mateng, hakim ketua mutusake yen Ho-ti karo Bo-bo luput, ateges dibebasake.
Nalika sidhang wis bubar, ndara Hakim sajak kesusu anggone kundur. Mesthi bae ana bab-bab kag wigati. Ora kaya adat sabene isih kober ramah-tamah karo masyarakat. Tekan omah enggal-enggal ndangu bature. Omonge bisik-bisik embuh apa kang didhawuhake.
Ora let suwe bature teka mborong wedhus papat cacahe. Bengine wong-wong padha rame amarga omahe ndara Hakim kobongan.
Luwih nggumunake maneh yen sabubare omahe ndara Hakim kobaran, ing ngendi-ngendi akeh prastawa kobaran, cekake bab kobaran omah wis ora gawe alok. Kaanggep barang lumrah bae.
Usum kobongan kuwi lumaku nganti sawatara sasi lawase. Nganti ana sawiijning pawongan kang kesdiking paningal. Yaiku tetuwa dhusun kang aweh pituduh, "Yen daging wedhus lan uga daging kewa-kewan liyane kena bae dibakar. Ora susah nganggo ngobong omah barang. Cukup sedhiya pawon kanggo mbakar.
Wiwit kuwi wong-wong padha marem atine. Yen mbakar wedhus wis ora susah ngobong omahe. Malah bareng wis ngerti bumbu, daging bakar kuwi diwenehi bumbu. Pancen nikmat rasane.***
*Cerita yang ditulis H. Achmadi ini pernah dimuat di majalah Penjebar Semangat bagian suplemen atau bonus, edisi Juli-Agustus 1986.