Contact Us

Nama

Email *

Pesan *

Sundel Bolong

Sundel Bolong

H. Achmadi, SPd.

Olehku kepengin banget weruh rerupan sing jeneng sundel bolong pancen wis suwe. Miturut ujaring kandha sundel bolong kuwi nyawa jahat kang nglambrang seneng ngganggu menungsa. Bangsa alus kuwi amemba wanita kang ayune uleng-ulengan, sing sapa weruh mesthi kepencut. Gandane wangi ngambar-ambar.

Ngono kuwi yen dideleng saka ngarep. Seje maneh yen dideleng saka mburi. Gegere bolong utawa growong, mujudake tatu kang amba kebak sindhat pating krogel. Gandane amis awor banger.

Amarga gegere growah bolong amba kuwi mula wong-wong ing kampungku olehe ngarani Sundel Growong. Lan crita kang kaya mangkono kuwi wis kerep tak rungu wiwit aku isih cilik biyen nganti tumekane gedhe iki. Ana-ana bae critane nanging beda kedadeyane.

Sajake kang ketarik kawigatene marang crita bab sundel bolong iki ora mung aku dhewe. Nanging wis marambah ngendi-endi dhaerah. Malah bisa uga wis marambah sak Nuswantara. Kabukten nganti produser filem barang wis ngangkat crita mitos iki ing layar putih. Lan pranyata filem iki minangka filem jenis horor kang laris banget.

Nganti tumekane saiki aku isih kelingan banget karo critane sawijining pamong praja (yen saiki kena diarani pegawe kecamatan) kang kamigilan amarga digodha sundel bolong. Kedadeyan kuwi wis suwe banget, antarane ing pungkasane taun 1961.

Bengi kuwi aku lagi enak-enake ngrungokake lagu-lagu piringan hitam kang disetel ing gramaphon kuna. Gramaphon nalika semana sawijining tape recorder mungguhing saiki. Lan sing duwe wong sak desa kono ya mung Pakdhe Raslam dhewe.

Ujug-ujug wong saomah dikagetake dening swara lawang kang didhodhog kantho sora. Kathik ditambahi swara jelih-jelih  kamigilan. Pakdhe enggal-enggal mbukakake lawang. Wong kang dhodhog-dhodhog lawang mau enggal-enggal mlebu mak jranthal.

"Lho, onten napa, Mas? Onten napa?", pitakone Pakdhe.
"A.....a....aanuu....Pak", tembunge gugup kamisosolen.
"Sing sareh, Mas. Njenengan kandhakna, onten napa?"
"Anu....Pak....", tembunge isih gagap kandheg ing tenggak kanthi tansah ngulati lawang kang isih njemblang.

Pakdhe tanggap yen wong iki lagi keweden, mula enggal-enggal ngutus putrane, mbakyu Miyati supaya enggal nggawe wedang kopi anget-anget. Adhakane wong kang lagi shock ngono kuwi yen diombeni wedang anget enggal tenang lan sadhar.

Pancen tenan, sakbubare ngunjuk kopi, Mas Yono pegawe pamong praja kuwi wis katon rada tentrem lan sareh atine.

"Ngaten lho, Pak", ngendikane marang Pakdhe. Aku lan mbakyu-mbakyuku wong saomah padha pating domblong ngrungokake critane.

"Surup bakda Maghrib wau kula rak tumbas rokok teng mriki, ta?"
"Inggih", sambunge Pakdhe ngiyani. pancen kejaba bukak reparasi sepedha, Pakdhe uga bukak toko adol kabutuhan padinan kelebu rokok.
"Wau kula saking Bangsri jam setengah enem, piyambakan. Lajeng teng dhukuh Segawe tengah sabin wau, wonten cah wedok nyetop badhe nunut. Kula nggih mandheg, kula jak mawon malah kenging kangge kanca omong-omong teng ndalan. Tinimbang piyambakan. Tur malih bocahe nggih lumayan. Panjenengan wau mesthi pirsa. Wau lho, lare estri sing kula ajak mriki. Wau nalika kula tumbas rokok!"

Pakdhe malah plenggang-plenggong ora mudheng. Amarga nalika Mas Yono tuku rokok mau ora ana bocah wedok sing diweruhi. Weruhe Pakdhe, Mas Yono ya mung ijenan bae olehe numpak "motor udhuk" jenis spedha motor BMW kuna, ora ana kang mbonceng.

Mas Yono mono sawijining dhudha lan pancen seneng iseng. Mula bareng ana wong wadon nembung nunut, ing njero ati ya pancen rumangsa kejugrugan gunung menyan. Begja banget. Dhasar pawongane lencir kuning, singset pawakane, rambute ngandan-andhan dawa diore memburi nganti nutupi geger.

Saka kampungku Kembang, Mas Yono nerusake tindake mengetan yaiku ing desa Keling kang adohe kira-kira pitung kilometer saka desaku. Kiwa tengene dalan dikubengi alas jati lan alas karet. Yen wis surup kaya mengkono wis arang kendharaan kang padha liwat. Kejaba pancen ora ana kampung, uga ngliwati panggonan-panggonan kang dening wong-wong kono diarani gawat utawa angker. Upamane alas jati cindhe kang ana watune kembar, unggah-unggahan Sebekuk kang kondhang ana memedi belong. Mangetan maneh kreteg Cekok sing jarene panggonane menungsa gadhungan, yaiku wewujudan uwong nanging ora duwe tungkak, yen mlaku ora ambah lemah. Wetane maneh tekan tikungan angker Seculik. Lan kang paling diwegahi wong yen wis tekan praliman alas Sebagos. Ya ing kene  iki panggonan kang dadi punjere critaku.

Kejaba iku isih ana maneh panggonan wingit kang kudu diliwati yen tindak menyang Keling. Kayata pundhen Jabang Bayi Den Ayu Sarisih. Durung maneh mengko yen tekan Cagar alam Gajah Biru lan Alas Ijo kang pancene isih ana kewan-kewane galak.

Nanging kanggone Mas Yono kabeh mau wis ora kober lumebu ing sajroning pangeling-eling. Sing katon ora liya ya wanita sulistya sing tansah ngruket ing bangkekane. Apa maneh yen dalane rada njeglang-njeglong, Mas Yono malah seneng. Sok-sok malah entuke mancal rem rada digetake ndadak. Yen wis ngono rasane geger kaya-kaya diganjel gemblong.

"Jan-jane ngono arep tindak endi ta, Jeng?", pitakone Mas Yono.
"Alaaa, panjenengan kok sajak ora percaya lo. Wau rak empun matur nek ajeng wangsung," wangsulane bocah wadon kuwi karo nyiwel pupu.
"Lho kok ijen bae ta, Jeng?"
"Lha yen ora ijen ki ya karo sapa ta, Mas?"
"Kok ora didherekake garwane?"
"Garwa?" Wanita kuwi ora nyauri malah ngguyu cekikikan. Guyune ora seru nanging cemengkling ing kuping. Mas Yono rasa kecipuhan pitakone ora enggal entuk wangsulan.
"Apa saben wong kudu duwe garwa ra, Mas?"
"Mesthine ya ngono."
"Lha panjenengan dhewe kok ya ora duwe garwa, hayo!"
Ditakoni ngono sanalika blangkeman, marga kebukak kertune. Nanging sapa sejatine bocah wadon kang pipine nduren sajuring kuwi kok ngerti yen dheweke ora duwe bojo.

"Jan-jane aku ki ya arep luru maneh, Jeng. Nanging....".
"Nanging kepriye?"
"Nanging ora payu.....".
"Ah, sapa kandha ora payu, Mas? Wong lanang  ki wenang milih wenang luru pira bae sing dikepengeni. Siji ra seneng bisa golek ganti, siji bosen bisa luru lima maneh," omonge wanita kuwi ngthuprus ora ana mandhege.
"Ning durung ana sing cocog jare."
"Njur sing dikersakake ki sing priye ta, Mas?"
Aku ki wis suwe luru sing potongane kaya... kaya awake".
"Tenan apa nyindhir?"
"Tenan!"
"Lha piye yen aku bae?" takone bocah wadon kuwi tanpa pakewuh maneh.
"Tenan apa nggodha ta, Jeng?"
"Ike yen kanggo, yen ora ya ora apa-apa kok."

Ing batin Mas Yono rerasanan, yen pancen tenane bocah iki bocah apik tenan, ngibarat karoban segara madu. Nanging apa bener-bener bocah apik? Mengko gek bocah sing seneng kluyuran, utawa wadon rucah. Atine perang dhewe.

"Sing bener daleme ngendi ta, Jeng?"
"Apa perlu njenengan pirsa?"
"Yen ora kabotan."
"Mengko yen wis tekan Sinderan Keling terus menggok ngalor. Cedhak karo makame Mbah Bono Keling."
"Apa entuk yen aku mengko mampir kana?"
"Yen ora kabotan."
"Yen ora, malah kebeneran yen njenengan kersa. Malah yen kersa dakaturi nyare kana bae takjak ngancani tunggu omah. Bapak ibu tindak uleman."

Kaya ngapa keplok lan surake atine Mas Yono. Rancangan arep sambang mitrane Pak Mariyadi pegawe pajeg sida diwurungake bae. Senajan iku urusan penting, urusan kantor nanging rak kena diundur sesuk-esuk bae. Beres! Sing penting kalodhangan kang endah iki ora kena luput.

Lakune montor udhuk BMW wis ngancik alas Seculik kang pancen katon singup. Wit-witan jati gedhe-gedhe akeh kang mangklung sak ndhuwure dalan. Angin wengi wis krasa nembus kulit. Apa meneh bengi kuwi malem Jum'at Kliwon, wengi kang dikramatake miturut gugon tuhon wong Jawa umume. Asu-asu baung keprungu sesautan saka kadohan. Sajake padha rame kerah rebutan mangsa.

Ora rinasa lakune BMW wis tekan alas Sebagor. Kejaba singup pancene angker. Miturut ujaring kandha ing sakupenge randhu alas kang mbregat kang tinemu ing pinggir ratan alas Sebagor kuwi minangka kratone bangsane lelembut para jim peri prayangan ilu-ilu banaspati gendruwo thethekan. Ya ing kono kuwi wis makaping-kaping kedadeyan sundel bolong luru mangsa.

Kabeh mau pancen mrindingake githok yen dirungu. Nanging kanggone Mas yono kang lagi nandhang gumreguting asmara, bab-bab kaya mangkono dianggep "kecil".

Nganti tekan alas karet Mas Yono isih ngethuprus omong marang sing dibonceng. Lakune bompit BMW pancen ora dicepetake. Dhasare dalane durung aspalan nalika semana.

Saya suwe lakune wis tekan Pundhen Jabang Bayi. Mas Yono saya gedhe umuke, ngdhugake pangkate, omahe, bayarane lan isih akeh maneh. Karepe kanggo ngrayu cah wadon ben tambah mantepe.

Nanging bocah wadon kang sekawit kepethuk mau akeh omonge, lhakok saiki ndadak meneng bae ki apa sebabe. Wis makaping-kaping Mas Yono pitakon utawa ngguyoni kok ora ana wangsulan sing dirungu. Lan maneh Geger kang sakawit mau tansah nikmat keganjel gemblong anget-anget dumadakan saikine wis ora krasa maneh.

Kanggo ngyakinake bocah iki isih mbonceng apa ora Mas Yono grayang-grayang memburi. Pranyata tangane ora nyenggol apa-apa.

"Weee..... lha, blaik tenak iki," grenenge marang awake dhewe."Wah, cilaka tenan.neng endi mau olehe tiba. Mesakake tenan bocah iki."

Sanalila sepedha montor diputer mbalik mbaleni bocah ayu kang ceblok. Sorote lampu montor dienggak-enggokno kanggo madhangi pinggire dalan. Noleh ngiwa noleh nengen pranyata ora nemokake tanda-tanda kacilakan.

Nganti pungkasan alas karet iseh tetep durung ketemu. Atine Mas Yono tansaya goreh. Yen nganti prana tatune, kaya ngapa susahe kulawargane. Ora wurung deweke kang katempuhan. Gegambaran endah kang bakal klakon, sida wurung.

"Mas.........Mas Yono ! Tulung Mas............"

Dumadakan  keprungu swara wadon lamat-lamat njaluk pitulungan. Enggal-enggal Mas yono noleh nengen ngarah sumbere swara. Kanggo madangi panggonane bocah wadon mau. Mulo lampu brompit BMW kang sorote ora patiya padang diarahake.

Ora luput saka pangirane.pranyata bcah wadon kuwi semende ing ngisor wit randu ngalas sebagor.Kagawa rasa welas banget,Mas Yono enggal-enggal mateni mesin montore lan mudhun aweh pitulungan.

Pisan iki luput Panyakrabawane.gegambaran mesthi pikire bocah wadin iki sesambat ngaruwara amarga tatu-tatu awake.nanging nyatane ora.''Mas sampeyan kok tegel banget,ta.aku tiba kok malah ditinggal dhewekan''swarane iseh ngalem,ora kawistara yen nandhang lara utawa tatu.

"Jeng...............," Mas Yono arep nyelok jenenge nanging sakawit kepethuk mau lali ora takon jenenge.
"Sliramu ora apa-apa ta, Jeng?'' pitakone Mas Yono ngroyok amarga wes sumelang.
"Ora, Mas. Ora apa-apa, kok. Ra sah kuwatir. Aku pancen njarag niba. Nggoda sampeyan." wangsulane tansaya aleman.Enggal-enggal Mas Yono ngathungake tangane terus digandheng tumuju menyang montore.

''Ora ana seng lara tenan,Jeng?''pitakone Mas Yono iseh durung yakin.
''Ora Mas. sajake kok ora percayata?.Aku wes kerep tiba kaya ngono.Malah aku nate Njarag ditibakake saka sepeda monthor''.

''Ah,  sapa pawongan kang tegel milara kaya ngono kuwi?''.
''Ora wong liya, Mas. Kekasihku dhewe. Dheweke duwe pacangan liya, njur aku mung dibuang kaya mengkono''.


''Wah, kejem tenan priya kekasihmu kuwi. Nanging senajan ditibakna  awakmu rak ora gene-gene, ta?''.
''Ya ra gene-gene, mung gegerku seng nganti saiki durung bisa waras''. Mas Yono nglirik gegere. Nanging......

Kaya ngapa kaget atine, weruh gegere bocah wadon kuwi. Kasusul ganha banger lan amis nggegilani. Sanalika tangane bocah wadon kang ngglayut ing pundhake dikipatake kanti santak Cah wadon kuwi tiba glangsaran.nanging ora nesu malah keprungu guyune kang cumengkling mecah kasepen..........

''Iiii...iii...iii...iiiiiii''.

Mas Yono enggal-enggal mlayu nibatangi nyandhak stang sepeda montore. Distater.....glug....glug.....glug.....gluggg ora gelem muni. Dibaleni maneh glug...glug...glug....gluggg iseh durung gelem muni. Ya pancen ora gelem muni jeneh kunci kontake durung diceklekake.

Bocah wadon kang glangsaran wis bisa tangi maneh. Guyune kang cumengkling nggegirisi iseh bae ngumandhang ngebaki alas Sebagor kang angker kuwi. Sejangkah, rong jangkah marani Mas Yono kang iseh gugup nyetater montore.

Eling yen durung dikontak enggal-enggal nyeklekake kontak lan dhung....dhung.......dhunggggg. Nanging saiba kagete bocah wadon kuwi wes cekakakan eng dhuwor sedhel. Ditatag-tatagake atine bocah wadon kuwi dijongkongake. Tiba mlumah banjur perseneling siji dipancal kopling dicolake nguuuuuungggg playune montor disengkakake. Swara guyu cumengkling tansah keprungu ngoyak ing sepining wengi.

''Iiii.........iiii...........iiii......''

CUNTHEL


*Cerita Sundel Bolong ini berdasar kisah nyata dengan sedikit bumbu. Pernah dimuat di majalah berbahasa Jawa, Penjebar Semangat, edisi September 1991. Saya pun sudah sempat klarifikasi ke Mas Mudi salah seorang putranya Mbah Raslam (salah satu nama yang disebut-sebut dalam cerita ini), bahwa Mbah Raslam memang pernah memiliki gramophon.
Ibu Miyati salah satu yang juga disebut dalam kisah ini adalah kakaknya Mas Mudi. Sampai sekarang masih hidup.



Back To Top