Contact Us

Nama

Email *

Pesan *

Gladhen Panatacara (1)

Gladhen Panatacara (1)

H. Achmadi, SPd.

Akeh para kadang kang padha royokan emoh yen ing kalaning wektu tinuding dadi MC utawa protocol ing sawijining pasamuan. Apa maneh yen nganggo basa Jawa, jan aluwung mbayar pira tinimbang dituding. Ing mangka jan-jane dadi MC/protocol utawa basa Jawane Panatacara kuwi ya ora angel, yen ta gelem nyinaoni tatacarane lan ngelmune. Lan kapindhone duweni karep lan tekad kepingin bisa mbanjur kendel utawa wani nyoba lan gegladhen.

Panatacara/Pranatacara utawa Pranata adicara minangka pawongan utawa paraga sing baku (pokok), lire minangka paraga ingkang piniji lan tinanggenah nglantarake cak-cakaning adicara.


Apa iku kang awujud pasamuan, patemonan, paresmen, pahargyan ing sawijining pernikahan, tanggap warsa (ulang tahun), pengajian, rapat, pangrukti layon (kematian) tingkeban lsp.

Amarga banget bakune paraga panatacara mula sakdurunge ngayahi jejibahan kudu cecawis sangune dadi panatacara, ing antarane yaiku :
  1. Kawruh
    Kudu ngerti perkara kang arep den ayahi, umpamane pahargyan temanten panatacara kudu ngerti urut reroncening adicara awit pambuka nganti panutup. Uga kudu ngerti adat tatacara pahargyan temanten kuwi.
  2. Teknik
    Panatacara kudu pinter mratitisake/nggunakake swasana. Kepriye swasanane, seneng, apa kesusahan, apa khidmat apa rame meriah lsp. Semono uga kudu ngerti papan panggonanan bawera apa rupeg, ing tundhone ora tumpang suh anggone nglantarake adicara.
  3. Kagunan
    Bisa mapanake basa kang trep, jangkep tur pener. Mula panatacara kudu sugih ing kagunan. Akeh kawruhe ing babagan sesrawungan, kawruh agama, kawruh basa, kawruh Kejawen, ing tataran nasional apadene internasional.
    Amarga panatacara kuwi budaya Jawa mula kagunan baku yaiku kawruh basa Jawa, lan adat tatacara Jawa, upamane babagan sekar lan gendhing Jawa, paduwungan, ngadi sarira lan ngedi busana lsp.
  4. Filsafat
    Jawa ngono semu, samubarang pitutur sinamun ing samudana. Mula panatacara kedah mangerteni sakehing pralampita/pralambang, wasita lan pitutur kang sinandi. Umpamane ing gapura tarub ana rerenggan klapa mudha utawa cengkir, sing ngemu werdi kencenging pikir. Tegese ing pangajap supaya pinang nganten kekalih duweni tekad kang kenceng anggone mangun bale wisma, kenceng anggone jejodhowan, ora gampang kepincut godhaning liyan lan godhaning kadonyan.



Back To Top