H. Achmadi, SPd.
3. Swara
Sawijining kanugrahan kang kudu disyukuri yen ta kadang panatacara duwe swara kang gandem lan bening. Amarga swara duwe pangaribawa gedhe kagem para pamiyarsa ana ing pasamuan. Nanging ora kabeh manungsa kasinungan swara kang gandem kuwi. Ana kalane swarane pancen kemeng, ana sing serak ana sing groyok lan liya-liyane. Kabeh kuwi sakbisa-bisa diikhtiyari supaya bisa luwih becik. Ing bab iki kadang panatacara kudu sregep anggone gladhen ulah vocal. Yaiku gladhen pangucap klawan swara cendhek banget terus cendhek, konstan, dhuwur lan dhuwur banget. Yen ing pedhalangan niru swarane Werkudara, Gathutkaca, Antareja, Kresna, lan Samba.
Perlu dingerteni yen kepingin ulah vocal kang komplit ana teknik khusus ing bab iki. Ing kene ora bisa tak andarake kabeh awit rubrike diwatesi dening redaksi.
Swarane panatacara aja nganti kaseron, nanging uga aja nganti lirih banget. Yen kaseron ora nyaman dirungokake nanging yen kelirihen kawigaten pamiyarsa ora ketarik maneh. Jarak antarane mike karo lambe kudu digatekake aja nganti kepe-peten lan ora karenggangen.
Pocapan cetha aja nganti ana suku kata sing keliwatan amarga kecepeten, amarga kesusu grusa-grusu ing tundhone dadi groyok. Intonasi utawa lagune ukara kudu tetep dijaga amrih ora mboseni. Yen mrangguli ukara kang sajak penting, mula uka-rane kudu diucapake kanthi tandhes, yen perlu kena dibaleni nganti kaping pindho.
4. Sarana (materi, bahan)
Saranane pawiwahan, utawa materi pawiwahan sakdurunge kaleksanan apacara kudune wis dikuwasani dening panatacara. Mula kadang panatacara kudu sregep anggone kordinasi karo seksi-seksi liyane. Kaya ta seksi konsomsi, seksi panampa tamu, seksi kesenian, seksi perlengkapan, karo pradangga pesindhen, pimpinan music. Wis ta kabeh kudu bisa dihubungi supaya ngerti sakabehe. Yen ngerti kabeh thek kliwere ateges panatacara wis menguasai materi. Iki dadi nggancarake jejibahan minangka dadi manager upacara.
Kanggo njaga pangeling-eling panatacara kena bae nggawa cathetan bab-bab kang penting kaya ta jenenge temanten kekarone kanthi jangkep, asmane sing lagi bebesanan kanthi jangkep sak title kehormatane, jenenge tata rias utawa pangadi busana, group musik utawa karawitan kang melu ngrenggani pawiwahan.
Yen ana instansi utawa lembaga, utawa kantor kang kudu kasebut, mula mesthine kudu kasebut kanthi bener. Contone Departemen Agama saiki wis owah dadi Kementerian Agama. Amarga yen nganti kleru sebutane ndadekna bahan geguyonan sing ora lucu, ing tundhone ngambarake yen kadang panatacara isih kurang ing pengalaman.
Amrih bisa menguasai medan mula panatacara sakbisa-bisa rawuh luwih awal, supaya bisa diajak tetimbangan karo sapa bae kang mbutuhake, utamane sing padha duwe jejibahan kang ana gayut rentenge karo pawiwahan. Aja duwe ati sing jual mahal apa maneh manja njaluk diladeni. Iki sifat kang ora diwasa kang kudu didohi.
Kang penting banget dieling dening panatacara yen arep napak karya, miwiti anggone arep murwani panatacara yaiku ndedonga mring kang maha kawasa amrih bisa gancar lancar anggone makarya jumbuh klawan tatanan agama kang dirasuk.
Yen wis ndedonga lan ngupaya kanthi tumemen mula asil akhire mung kapasrahake marang Gusti kang Murba Masesa. (Ana candhake)