H. Achmadi, SPd.
Pipa balung kalong kang tansah sumelap ing pojok lambene kuwi melu obah-obah manut wiramane lesan. Brengos lang jenggote kang dawa nganti tekan dhadhane wis katon putih memplak kaya kapas. Rikmane uga wis ngampas klapa. Kabeh kuwi nuduhake yen yuswane wis udhakara wolungpuluhan. Malah kapara luwih.
Nanging yen nitik solah bawane kang tingkas trengginas, kaya-kaya isih pantes yen pantara setengah umur. Apa maneh sandhang panganggone kang sarwa ungu. Iket wulung kang warna ungu ginubet rapet ing mustakane nganggo cakrik Trunajayan. Klambi lan clana komprange uga warna ungu, nambahi prabawa aneh kang milangoni. Sarung bathik gringsing amung semampir ing pundhake. Senajan isih tringkas trengginas nanging ing astane tansah cekelan teken kayu bengkong kang wangun lan rupane ceples karo ula luwuk bumi. Sajake mung kanggo pantesan bae.
"Ngger, Taya...."
Mak jenggirat kaget Sutaya kang rumangsa diundang jenenge. Kejot banget amarga ora weruh sangkan paraning dumadi jebul ana pawongan kang ngadeg ing sandinge. Kathik dheweke durung manuh pisah. Dipandengi awit pucuk rambut nganti tekan pucuking driji sikil, diketok kabeh daya pengeling-elinge durung bisa nemokake sapa pawongan kang ana ing sandhinge. Kathik pawongan kuwi wis ngerti jenenge pisan. Lambene Sutaya mlongo kaya-kaya arep kumecap. Nanging durung bisa ngracik ukara pitakon, pawongan kuwi wis nerusake anggone guneman.
"Kowe mesthi kaget merga aku tekan mrene. Sliramu ora susah bingung. Wis enggal adusa reresik awakmu, mengko tak kandhani akeh-akeh!" Mbah jenggot kuwi mrentah kaya marang putune dhewe. Sareh swarane nanging kebak pangaribawa.
Sutaya isih plenggang-plenggong amarga durung pana sapa sakbenere Mbah tuwa kang jenggote putih kuwi. Mula sepisan maneh lambene menga arep kumecap pitakon. Nanging durung nganti ukara pitakon kawetu saka lesane kaselak ketungka guyune Mbah Jenggot kang renyah.
"Wis, ta..... ha... ha.. ha... Wis, ta Ngger.... Sutaya. Enggala cucul klambi lan reresik awakmu, mengko sliramu bakal ngerti."
Jan-jane Sutaya awit mau pancen arep adus reresik awake amarga sakawit esuk umun-umun mau dheweke macul ing sawahe. Mula senaja ora diprentaha ya tetep adus ing Sedhungkul kang kabener ana ing ngisor sawahe, dheweke mesthi adus ing kono. Dhasar banyune bening tur adhem banget amarga sendhang kuwi nyumber ing sakngisore wit lo kang mbregat gedhe. Ketiga utawa rendheng ora tau asat banyune. Kejaba kanggo adus, uga kanggo ngombe para kadang tani kang pinuju ngelak kepanasen saka anggone nyambut gawe.
Ora jenak Sutaya anggone adus, amarga Mbah Jenggot kuwi tansah ngulati sak pari polahe. Nanging pisan kuwi anggone adus diresik-resikake. Sak ora-orane arep nampa tamu.
Bareng wis dirasa cukup anggone reresik awak, enggal-enggal mentas. Sandhangan kang gupak lendhut yaiku kaos oblong lan celana ora dienggo maneh. Dheweke salin klambi lan sarung sing kawit mau mung dicenthelake ing pojok gubuk sawahe. Lagi bae ngangkat pacule, Mbah Jenggot ngendika,
"Pacul lan aritmu sauntara ditinggal kene bae dhisik," pamenggake. "Ayo melu aku!", Mbah Jenggot jumangkah ninggalake papan kono.
"Aa... aa......" Sutaya mranggu. Batine mono mampir ngomah dhisik ben genah anggone rembugan.
"Wis, ta. Ora susah repot-repot, kok mampir ngomah barang. Wong ya mung sedhela bae, kok." Mbah Jenggot sajak kesusu.
"Nanging...."
"Sing ngajak ki aku. Dadi aku sing tanggung sekabehane. Kowe ora sah sumelang."
"Anu...."
"Aku ngerti yen kowe ora sangu, ora perlu sangu.... mengko kabeh ning aku."
Kaya kena gendam, Sutaya mung manut bae. Manut menyang endi lakune Mbah Jenggot kang durung dikenal mau. Saka kampunge Sutaya, desa Kancilan kang kalebu ing tlatah Kecamatan Bangsri Jepara arahe mengalor lan liwat alat jati kang amba banget.
Sedhela-sedhela Sutaya kapeksa rada mlayu-mlayu nututi lakune Mbah Jenggot kang rikat banget. Kaya-kaya ora klebu nalar yen wong tuwane semono jebul jangkahe entheng amba-amab tur trengginas banget. Ing batin Sutaya ngudarasa, "Mesthi iki ora pawongan lumrah. Bisa uga wong kang ngelmune dhuwur banget, yen nitik lakune kira-kira duwe ngelmu 'peringan tubuh' kaya kang asring krungu ing sandiwara radio kae. Utawa ilmu 'Kidang Telangkas' kang kondhang kuwi.
Nganti wayah suruping srengenge lakune wong loro mlbe ing kebon klapa kang amba. Lakune wis adoh nanging Sutaya durung rumangsa sayah. Embuh prabawa apa kang njalari. Swasana sansaya sepi lan peteng. Sadalan-dalan mung katon regemenge wit-witan klapa kang pating gejejer ngenteni pungkasing wengi. Lamat-lamat saka kadohan keprungu baunge asu alas kang lagi golek mangsa. Jangkrik-jangkrik lan walang kisik padha ngerik sesautan nambahi anglesing ati kang lagi nlangsa.
Bareng wis wayah sirep bocah lakune wong loro sansaya ngalor. Dumadakan pangrungune Sutaya keprungu swara gleger-gleger. Saya suwe saya cetha. Tandha pitakon gedhe tansah ngeridhu atine, gek iki swara apa. Nanging arep takon marang Mbah Jenggot, ora bisa kawetu. Kaya-kaya lambene kumunci rapet ora bisa tumenga. Bisane mung manut bae miturut lakune Mbah Jenggot kan terus ngalor sansaya adoh. Lan upama ana bebaya kang ngincim awake mesthine bakal ditanggulangi Mbah Jenggot. Rak mau wis ngendika yen kabeh-kabeh dheweke sing tanggung. Mula atine ora sumelang. Apa maneh Mbah Jenggot iki sajake wong kang kebak ngelmu.
Nanging ora antara suwe tandha pitakon atine Sutaya enggal kajawab. Amarga swara gleger-gleger kuwi jebul swara ombake segara. Yen ngono ateges lakune iki wis tekan pesisir lor pulo Jawa. Wengine tambah sepi, lintang-lintang pating cumlorot ing angkasa. Mbah Jenggot lumaku terus ngetut pinggiring gisik.
Ora anta suwe lamat-lamat keprungu gamelan kang lagi talu. Saya cedhak swarane saya cetha. Patrape kaya-kaya wong kang lagi duwe gawe, katitik saka amyange sorot lampu-lampu neon kang padhang. Bareng wus cedhak saya genah yen Mbah Jenggot pancen njujug menyang panggonane sing duwe gawe kuwi.
Sutaya wis ora bisa suwala maneh. Dheweke kari manut apa karepe Mbah Jenggota. Tekan ing plataran omahe sing duwe gawe wong loro dipapag sing kajibah nampa tamu. Sajake tamune wis akeh. Tarub kang amba kuwi kursi-kursine wis kebak tamu. Bareng ngerti yen sing teka kuwi Mbah Jenggot lan Sutaya, kabeh tamu padha ngadeg aweh pakurmatan. Kalebu wong gedhe dhuwur gagah prakosa kang sajake sing duwe gawe. Wong loro banjur diaturi lungguhan ing ngarep dhewe.
Kaya adat sabene wong duwe gawe, ora suwe anggone lungguh, para laden wis teka nggawa nampan nyuguhake wedang, panganan werna-werna lan ora keri mangan sak lawuhe. Sajake lawuhe enak-enak. Anak iwak loh, daging empal, lawuh liyane kang werna-werna pangolahe.
Jan-jane wetenge Sutaya wis krasa luwe, nanging arep mangan dheweke rumangsa rikuh. Rikuh ora nyumbang. Seje karo Mbah Jenggot kang sajake cekoh anggone dhahar. Bola-bali Mbah Jenggot nawakake supaya Sutaya enggal mangan.
"Wis ora susah rikuh-rikuh! Enggal dipangan bae, enak kok. Sliramu aja sumelang merga ora melu nyumbang. Tamu kabeh kae ya ora ana sing nyumbang." Pangajake Mbah Jenggot karo isih comak-camuk sengkud olehe dhahar.
"Mangga, Dhik didhahar. Ampun rikah-rikuh! Dianggep kados ten griyane piyambak mawon. Teng mriki boten wonten carane tiyang nyumbang kados teng dhusun sampeyan. Teng mriki angger sing purun dhateng nggih dhateng terus mangan enak ngoten mawon." Sing duwe omah melu nawakake kanthi grapyak. Kaya-kaya ngerti isen-isen atine Sutaya.
Sakwuse dipikar-pikir banjur tuwuh grenjet arep mangan. Dheweke nyoba njupuk panganan ondhe-ondhe. Bareng wis dijupuk, dideleng lan arep dicokot, sanalika diendhegake. Dheweke eling barang kang kaya ondhe-ondhe kuwi. Wujud lan ambune presis tai jaran. Sutaya ora tegel banjur diwurungake olehe arep mangan ondhe-ondhe.
"Wis saiki yen ora tegel mangan ondhe-ondhe ya kuwi segane dipangan!" Mbah Jenggot nawakake kaya-kaya ngerti yen Sutaya ora tegel mangan ondhe-ondhe.
Enggal-enggal Sutaya njupuk enthong nyidhuk sega. Sayur lodheh ing mangkok dituntak kabeh ing dhuwur sega. Banjur milih lawuh iwak loh kang pancen dadi karemane. Nangin kaya apa kaget atine bareng weruh yen iwak sing dijupuk kuwi matane bisa plerak-plerok, mleroki dheweke. Sanalika diculake maneh ing piringe. Wetenge dadi muneg-muneg lan wis ora ana nefsu mangan maneh. Sanalika dadi wareg.
Tamune saya mepeg. Swasana tansaya regeng. Pancen duwe gawene kanthi nanggap wayang. Sing nonton kebak ing latar-latar nganti tekan pager-pager. Dhalange wis miwiti suluk lan nyandra jejer Ngastina. Dhasar dhalange wasis nyandra uga prigel anggone njogedake wayang, dadi sabetane bisa urip tenan.
Sutaya kamitenggengen anggone nonton. Pancen bener dhalange pinter banget njogedake wayang, nanging Sutaya gumun kaya-kaya ora percaya. Amarga wayang-wayang kuwi kaya-kaya bisa obah lan njoged karepe dhewe. Kanthik mripate bisa plerak-plerok padha mandeng marang sing nonton.
Sawengi natas anggone nonton wayang. Bareng dhalange wis nancepake kayon, lan para pradangga wis nabuh gendhing ayak-ayak pamungkas, Mbah Jenggot njawil marang Sutaya, "Ngger, wayange wis bubar. Mula enggal-enggal balia! Iki wis esuk. Lan coba delengen sing nonton barang ya wis padha bali."
Sutaya mlingul memburi nakyinake swasana. Pancen wis ora ana sing padha nonton. Sepi!
Pancen sepi tenan. Ora ana uwong senajan setugel-setugela. Kursi kang mau bengi ngebaki tarub uga wis ora ana. Sing ana mung watu-watu kang pating jenggeleng. Kalebu kang dilungguhi dheweke uga jebul watu item kang pating prenyul ora rata. Pantes yen bokonge krasa pedhes lan pegel-pegel. Tarub kang gedhe kanggo ngaub para tamu mau bengi uga ora ana. Sing ana kari wit plasa gedhe kang ngrembuyung godhonge. Wayang, dhalang, gamelan sak panjake pisan uga wis ora ana. Sing ana mung kodhok-kodhok bangkong pating krengkong swarane.
Kabeh ora ana. Mbah Jenggot kang ngajak dheweke uga wis ora ana, embuh menyang endi parane. Sing cetha kabeh-kabeh ujug-ujug ora ana. Srengenge saka wetan wis mlethek. Swarane manuk-manuk manyar pating cruwet ing susuhe kang pating grandhul ing papah-papah klapa. Sedhela-sedhela kaseling swarane ombak segara lor. Sutaya njenger. Suwe anggone mikir. Gek iki dheweke ana ing ngendi. Dheweke ngadeg lan nyoba mlaku ngalor. Lagi bae mlaku kira-kira pitung jangkah, dheweke sadhar yen saktemene ana ing sak dhuwure gumuk. Ing ngarepe ana jurang kang jeru kang ing ngisore mujudake pesisir segara lor.
Mbaka sethithik daya pangelinge bisa dikumpulake. Suwe-suwe saya yakin yen dheweke ana ing panggonan kang disiring wong akeh. Papan kang kudu disingkiri saben wong-wong kang kebeneran liwat ing kono. Ya papan kuwi kang diarani Gumuk Sapi, klebu ing pesisir Lemah Bang. Pesisir kang kondhang angkere. Wis akeh kedadeyan-kedadeyan aneh ing kono. Wis pira bae sapi-sapi kang diengon, angger mlebu mrono ya ora bakal ketemu, mesthi ilange.
Kedadeyan kaya kang dialami Sutaya kuwi orang mung siji-sijine kedadeyan kang nate dumadi ing Gumuk Sapi kuwi. Wis makaping-kaping wong kang ilang ing kono. Nanging kabeh-kabeh bisa bali lan bisa crita werna-werna marang tanggane apa kang dialami utawa diweruhi. EMbuh apa kok diarani Gumuk Sapi. Apa merga akeh sapi kang ilang ing kono, apa merga saka wangune gumuk kuwi kang yen dideleng saka kadohan kaya wangune punuk sapi.
Bareng wis pana kabeh apa kang mentas dialami, Sutaya enggal-enggal ninggalake Gumuk Sapi kang mrindingake githok. Kanthi lirih dheweke nyebut asmane kang ngecet lombok, "Alhamdulillahi robbil 'aalamiin." Dheweke ngucap syukur isih bisa weruh padhange hawa. Lakune nguneluk bae. Pancene Sutaya wis ngerti arah-arahe dalam amarga wis nate saba mrono.
Gancaring kandha Sutaya wis tekan desane. Dheweke luwih dhisik mampir ing belik Sedhungkul, eling yen wingi nalika mangkat 'nonton wayang' isih ninggal arit lan pacul ing kono. Muga-muga ora dijupuk wong, batine. Lan bareng diparani nyatane pancen isih, ora owah saka panggonane sakawit. Pacul dipanggul arit dicangking, langsung brabatan bali. Rasane mripat ngantuk banget, keno-keno ora bisa diampet.
Tekan ngomah Sutaya njujug omah pawon, kaya adat saben yen teka saka sawah. Pacul diseleh lan arit diselipake ing gebyog. Nanging dheweke rada gumun amarga ing omah ngarep ana wong-wong kang padha umyeg. Yen nitik saka swarane bapak ibu lan maratuwane loro ana ing kono, kabeh sajake padha bingung.
"Moso sakdurunge lunga ora pamit? Utawa crita apa-apa, Ndhuk?" pitakone simboke marang bojone Sutaya.
"Mboten wicanten napa-napa, kok Mbok. Kados mboten sebaene. Biyasane angger kesah mesthi pamit. Napa malih kesah tebih kanthi pinten-pinten dinten. Lha wong kesah ngopi teng warunge kang Parno mawon nggih mesthi pamit."
"Lha seprene wis pirang dina, Ndhuk?" maratuwa lanang takon.
"Nggih sampun pendhak dinten niki. Wong angsale kesah, pamit ten sabin. Nika enjing dinten Kamis Wage. Dados lehe boten wangsul niku nggih malem Jumat Kliwon."
"Oh... bener..., cocog karo ngalamat kang dak tampa." Mbah Kejin manthuk-manthuk. Mbah Kejin minangka wong pinter ing dhusun kono.
"Enjing niku kula kintun sarapan, nggih taksih wonten sabin, lha kok sonten ngantos dalune boten wonten wang.... sull ngan... toss..." sambunge bojone Sutaya karo prembik-prembik kudu nangis.
"Wis aja nangis! Iki pancen ora sebaene. Mengko Mbah Kejin sing tumandang." Sumambunge bapake. "Yen lumrah entuke lunga mesthi ora kaya mengkene. Lha wong wis tekan ngendi-ngendi olehku luru, sasat ora ana pojok kang kliwatan. Kabeh bala lan kanca-kancane ora ana sing ora dak takoni. Saben takon kabeh-kabeh padha kandha ora weruh. Malah genti dheweke sing takon. Mbuuuuuhhhh... judheg aku."
"Sak durunge lunga apa tau nesu-nesu, Ndhuk?" maratuwa wadon pitakon.
"Ah, nggih boten, Mbok. Sajege omah-omah niku kang Taya mboten nate nesu-nesu. Nek mboten kepenak atine nggih angger mendel. Mboten kados tiyang-tiyang."
Ing omah pawon Sutaya rada sauntara olehe ngrungokake karo njenger lenger-lenger. Ateges oleh nonton wayang kuwi ora mung sewengi, nanging wis pendhak dina. Yen ngono dinane lelembut kuwi luwih dawa tinimbang dinane menungsa. Enggal-enggal Sutaya mlebu omah ngarep nalika krungu tangise anake.