Suwe sakdurunge Nabi Muhammad saw lahir ngasta syariat Islam, 215 taun sakdurunge sedane Nabi Isa as. Ing Arab yaiku ing negara kondhang Hirah, kang nalika samana ngadeg pusaraning praja Raja Juzaimah Ibnu Malik Al Azabi, lagi sesatron karo Raja Amer bin Zarb kang nguwasani tlatah sakpinggire Bengawan Tegris lan Furat. Nadyan Raja Juzaimah socane kari siji kang kena kanggo mirsani, ananging kagawa saka kaloka lan gagah prawirane cukup gawe kedher mungsuh-mungsuhe. Nalika jaman samana uga wis ana rebutan wibawa dadi paprangan gedhe kuwi nggawa sebab gugure Raja Amer bin Zarb ing astane Juzaimah. Nalika rumangsa wis meh pecat yuswane Raja Amer kersa ninggal wasiyat marang putra-putrine kang kapasrahan mengku pusaraning praja.
Putri kencur kang durung ganep 20 taun yuswane kuwi kapeksa mengku pusaraning adil kanthi paraban Ratu Zabaa, dene asma timure Zaenah. Dhasar kasulistyane tanpa tandhing, prasasat luwih rupa kurang candra. Sulistya kang didarbeni, putri Zabaa uga duwe sipat kang kudu dirasuk saben wanita; alus lembah manah, teguh ing janji lan kenceng ing panjangka. Swarane aris lan bening, gawe luluh sapa bae kang ngrungu. Sahingga sentana praja kang arep mangkat ngayahi perang cukup klawan sangu swara kang medhuk kuwi wis dadi tambahing kaprawiran ngadhepi pati.
Pancen Raja Amer bin Zarb ninggal wasiyat; ora milih jinis priya kang mengku praja, amarga nalika semana wanita uga akeh paedahe ngregem kendhalining pamarentah. Esem kang apait madu bae wis bisa gawe wurung godha rencananing mungsuh.
Sajege Putri Zabaa lenggah gumanti dadi ratu, mula tan saya suwe sulaking praja kang maune surem malih dadi kumencar teka ing njaban rangkah. Ora anut umyeging jaman kang nalika semana akeh wanita kang sababag yuswane mung nguja nefsu tarunane bae. Malah ing bab rumpil ngatur ingening praja kuwi sengaja ora minkir bab priya, apa maneh tumekaning silaning akrami. Sang Putri ngerti yen bab kuwi mung bakal dadi pepalang kanggo ngleksanani panjangkane saka wasiyat ramane, lan kanggo ndandani negara tinggalan ing kahanan morat-marit.
Sasuwene kaasta dening Sang Putri negara Syam katon regeng banget. Bab dagang maju, ulah tetanen subur mundhak wetone, sesambungan karo negara manca uga raket.
Sakwise dianggep kuwat ing bab panguripaning kawula, banjur milih taruna-taruna kang gagah prakosa didadekake prajurit nanggala praja, kanggo mbetengi yen sakwayah-wayah katekan satru kang nedya gawe rusaking praja. Bareng wis dirasa sembada kekuwataning prajurit, Sang Ratu miwiti nelukake raja-raja jajahan kang sedya mbalela mbeguguk mangutha waton mbondhan tanpa ratu.
Nadyan kaya ngono kemajuwan negarane, asmane wus kawentar mangambar yen Sang Ratu dhemen diajak bedhamen. Perang mung dianggep kanggo sarana pengajaran bae.
Nanging Sang Ratu isih duwe wadi pribadi, wewadi pribadi wasiyat saka almarhum ramane nalika ngadhepi pecating yuswa. Yaiku besuk yen nagara wis kuwagang, Sang Putri kudu malet nuntut bela patine ramane, marang Raja Juzaimah. Nanging kepriye dalane, ing mangka negara Hirah kang dirajani Juzaimah kuwi sawijining negara kang gedhe tur kuwat banget prajurite pengkuh betenge. Saka weninging cipta Ratu Zabaa kang wicaksana kuwi antuk akal, yaiku cara kang tau katindakake dening Cleoprata (raja Mesir) nalika ngadepi panguwasaning Julius Caesar lan Antonius. Ora liya sawijining jebagan maut kang paling ampuh. Jebagan asmara pranyata wis makaping-kaping gawe rusaking negara (King Edward VIII).
Ing sawijining wektu Sang Ratu kirim nawala marang Sang Prabu Juzaimah, mungsuh bebuyutane. Disuwun supaya Sang Prabu kersa dadi sesembahane. Negara Hirah lan negara Syam supaya manunggal dadi siji. Sesatron kang wis mataun-taun diwekasi nganggo bedhamen bae. Malah Sang Ratu kersa dipundhut garwa dening Sang Prabu Juzaimah.
Nadyan nalika jaman semana Raja Juzaimah wus kawentar Raja kang prawira lan pangaribawane agung banget, nanging sak kuwat-kuwate raja bakal lemes uga balung bebayune yen ngadhepi wanita sulistya kang kanthi gilig masrahake awake. Apa maneh wanita sulistya kuwi duwe pangkat pisan. Dadi oleh loro-lorone pisan putri ayu lan negarane. Yen wis ngono sapa wonge kang ora bakal goyah imane? Ya ing kono kuwi akeh-akehe politik negara mung kalah karo eseme wanita. Lan asring wong kang kepencut ayuning wanita iku uga sadhar yen dheweke kapusan. Ya ngono kuwi sing jenenge godhane asmara. Tresna ngalahake sakabehing perkara. Tresna nganggep entheng marang bebaya. Tresna gawe murah marang pati.
Adreng rasa penggalihe Sang Prabu Juzaimah nampani layang lamaran saka Ratu Zabaa. Kabeh wazir, sesepuh kraton lan nayaka praja ditimbali marak seba saperlu diajak pirembugan bab layang kuwi. Lan surasaning rembug kabeh wazir lan nayaka praja mung kari manthuk tandha sarujuk. Sajake nalika jaman semana uga wis ana teori "ABS" (asal bapak seneng). Kabeh dhawuh dalem junjung, kabeh dhawuh minangka wahyu kang temurun saka langit kang ora kena binantah.
Mung ana siji ing antaraning priyagung-priyagung gegedhuging praja Hirah kang sidik paningale weca marang kang kasamun. Ing lair layang kuwi kebak sengsem, nangin ana ing njerone ngemu wisa kang mbebayani. Priyagung kuwi cendhek dedege asmane Qushair bin Said Al Lachmi. Nanging panemune wis ora direwes dening Sang Prabu. Rasa tresna wis kayungyun ngebaki dhadhane. Lan wekasing rembug banjur sida putus mufakat yen Sang Prabu tetap mangkat menyang negarane Sang Ratu.
"Dhuh Gusti pepundhen kula, mbok inggiha Ratu Zabaa kemawon ingkang dipun timbali tindak wonten Hirah mriki," ature Qushair kang kebak sujana.
"Awit menawi pancen Sang Ratu lega lila dados prameswari panjenengan dalem, tamtu kersa tindak mriki. Lan Sang Prabu sampun ngantos nyalirani piyambak tindak dhateng Syam. Sampun ngantos Sang Prabu kapikut mlebet dhateng pancinganipun mengsah. Kawula aturi enget, Gusti bilih tetes ludiraning Raja Amer minangka pangigit-igit kang tansah murub wonten ing dhadhanipun Ratu Zabaa."
"Qushair, sajak sliramu durung nyipati karo isining nawala. Lan kaya durung bisa maca swasana kerajaan Hirah kang wis kondhang kuwat prajurite. Apa sliramu ora ngerti yen kabeh negara manca kekes kedher atine yen ngadhepi Hirah. Semono uga Ratu Zabaa. Dheweke miris, mula rumangsa bombong atine yen ta kaleksanan dadi sisihane Raja Hirah. Ya ngono kuwi ratu kang melik mulya."
Qushair ora bisa kumecap akeh-akeh. Apa maneh Adij (Amer bin Adij) nguwatake ngendikane Sang Prabu yen luwih becik mangkat menyang negara Syam. Qushair mung bisa grenengan ing batine dhewe, "Ah.... sajake panemune si Qushair ora ana wong nggape."
Ora antara suwe sakwise kang diperlokake kanggo lelungan wis sumadya kabeh, kayata kreta kencana, dinar mas kanggo sediyan mas kawin kang ora kena keri lan liya-liyane. Sang Prabu enggal budhal. Kanggo sakuntara wektu kraton kapasrahake marang Amer bin Adij keponakane (putra sedulur putrine).
Ora kelalen Sang Prabu dikanthi para priyagung andhahane lan ahli pikir. Uga Qushair ora keri. Ora gumun maneh yen saktekane Juzaimah ing Syam dipethuake kanthi tata cara pakurmatan gedhen. Saka kadohan wis katon sesawangan kang ngresepake. Nayaka praja kang gagah-gagah lan pantes-pantes racak baris ing kiwa lan tengene dalan kang digelari babut prangwedani. Tetabuhan kang nengsemake ora kendhat-kendhat swarane. Akeh para kawula kang padha ngaturake bungkusan-bungkusan hadiyah pengaji marang Sang Prabu. Wis ta kabeh kang dinulu sarwa nyenengake, ora ana kang patut disujanani. Mula Sang Prabu noleh marang Qushair kang ana ing tengene, "Kepriye pikirmu yen wis ngadepi kang kaya ngene iki, Qushair? Apa isih ana rasa was maneh?"
"Kula sampun boten sangsi, Gusti, yen sekedhap malih badhe dhateng para prajurit pinilih ingkang mapagaken panjenengan dalem. Bilih mangke sakbakdanipun mapagaken panjenengan dalem para prajurit punika wangsul lan pacak baris wonten ing ngajeng kita, minangka pitedah margi, ateges boten wonten bab-bab ingkang dipun kuwatosi. Nanging menawi sakbakdanipun mapagaken panjenengan dalem lajeng pacak baris ing wingking, lan wonten ingkang nyaket kanan lan kering mila enggal-enggal mawon panjenengan mlumpat nitih si Ashaa kudha kinasih panjenengan punika, sakderengipun para prajurit saget caket kaliyan panjenengan dalem.
Nanging cilaka. Sakdurunge rampung ature Qushair, apa kang dikuwatirake temen-temen kedadiyan. Sang Prabu wis ora kober maneh mlumpat menyang si Ashaa amarga kaselak pedhang-pedhang para prajurit wis pating tlalang ing ngarep irunge. Mung Qushair kang bisa luput saka bebaya. Kanthi solah trengginas lan kebak waspada, dheweke nyengklak si Ashaa. Sakwise lungguhe wis trep ing gigir jaran, sanalika mlesat playune kaya thathit ing mangsa rendheng.
Raja Juzaimah noleh marang Qushair. Wis adoh banget. Lan saiki Juzaimah lagi yakin lan sadhar yen ana ing madyaning bebaya gedhe. Ing batin dheweke ngresula, "Pancen ora salah panemune wong pendhek kang mlayu bareng si Ashaa kae."
Pirang-pirang dina ngliwati segara wedhi, Qushair tansah mbledrik jarane nganti tekan negarane, Hirah. Swasana kraton sajak sepi. Mung Amer bin Adij kang sajak goreh pikire ngrungu rawuhe pamane kang wis sakuntara suwe tindakan menyang Syam.
Ora kanthi dinyana-nyana dheweke njenggirat krungu swara gedebuke tracak jaran. Si Ashaa lan Qushair kang nunggangi.
"Sajake kabar becik kang kok gawa Ashaa," pambagene sumeh marang Qushair.
Kanthi polatan kang suntrut, Qushair nyritakake kabeh prastawa kang dumadi ngenani gustine Juzaimah. Critane tapis ora ana kang kaliwatan. Legeg Amer sedhih mikirake pamane kang cilaka kabujuk aris dening rupa kang sulistya. Supaya swasana bela sungkawa ora kadawa-dawa, mula rakyat lan para punggawa kang isih tresna marang rajane. Lan wis ora ana pangarep-arep kanggo kasugengane rajane, mula ora antara suwe dheweke waris siji-sijine kangnduweni hak kanggo nglenggahi dhampar kencana.
Nunggal mangsa nanging seje kang cinarita, dene Raja Juzaimah sakwise diirid mlebu menyang pendhopo kraton, klawan esem kang ngujiwat ditampa dening Ratu Zabaa. Ora keri para dhayang-dhayang kang manis lan ayu padha mbagekna.
Lom atine Sang Prabu bareng dheweke dilenggahake ing ndhuwur gelaran "nathaa", yaiku gelaran saka lulang kanggo wong-wong kang arep nampa paukuman pancung.
Klawan laku trengginas nanging tansah nganggo kasopanan, asta kekarone Sang Prabu dicekel para prajurit. Lan ora suwe otot janggane wis pedhot marga lading kang landhep. Getih kang mancur-mancur ditadhahi klawan ngaron kencana. Bebarengan kebake ngaron kencana, mangka lemes bebayune Sang Prabu. Astane sumeleh pasrah.
"He... para dhayang-dhayang!", ngendikane Ratu Zabaa. "Aja nganti ana getihe Sang Prabu kang kecer ing lemah."
Klawan sisa tenaga kang keri Raja Juzaimah njawah kanthi swara kang kedher tanpa daya. "Ratu Zabaa, ora susah dipaelu ngenani getih kang sengaja tak tetesake dhewe...."
Durung tekan olehe ngendikan Raja Juzaimah kaselak pecat nyawane.
Ora mung mung Raja Juzaimah kang ngalami nasib kaya kasebut ing nduwur. Nadyan kabeh punggawa praja kang ndherekake tindake uga ora ana sing luput saka ukum pati.
Rumangsa marem penggalihe Sang Ratu Zabaa, amarga wis bisa males anyaur patine kang rama. Nanging kepriye bae kekuwatan prajurite kanggo mbetengi negara, ing teleng atine Ratu Zabaa tansah was-was. Kedadeyan apa kang bakal dumadi ing jantraning uripe. Mula kanthi sesidheman Sang Ratu dhawuh nimbali tukang sihir lan tenung wadon kang kondhang. Supaya ngramal nasib awake."Kepriye bab patiku, lan kapan mangsane? Uga dening sapa kang njalari sebab patiku mau?"
Ditakoni kaya ngono, tukang ramal dheleg-dheleg sedhela. Sajake lagi matek aji kasantikan. Banjur wangsulan aris. "Seda panjenengan boten sanes sebab saking Amer bin Adij. Saking firasat kula nedahaken bilih mboten saking astane Amer piyambak seda panjenengan, nanging jalaran asta Sang Ratu Piyambak."
Kejot rasa penggalihe Sang Ratu bareng krungu ujare tukang ramal kuwi. Nanging pangrasa kuwi enggal disingidake, jer dheweke jejering ratu kang tansah njaga kawibawan.
Awit dina kuwi Sang Ratu tansah njaga awake aja nganti bisa kapikut dening Amer. Kanggo nambahi ikhtiyare Sang Ratu ngupadi pangreka daya, kepriye supaya bisa mirsani rupa lan wujude Amer bin Adij. Lan panggah kebeneran dene ing negara kono ana juru sungging kang pinter. Mulo kalodhangan kuwi ora dibuwang muspra. Juru sungging kuwi diutus menyang negara Hirah kanthi laku sandi. Ing pangajab supaya juru sungging kuwi bisa nggambarake kepriye rupa lan wujude Amer bin Adij. Kepriye bleger lan polatane nalika lungguh, mlaku, tindakan lan kepriye pacak penganggone pisan. Kabeh kudu bisa digambar. Sak wektu-wektu Sang Ratu mrangguli dhewe Amer bin Adij bisa enggal dimangerteni.
Ora gantalan dina kang suwe juru sungging kondhang kuwi budhal menyang negara Hirah. Kanthi ulah srawung kang pancen didarbeni, mula ora mokal yen juru sungging kuwi sedhela bae wis bisa oleh kapercayan saka Amer bin Adij dalah para pengawal lan punggawa kraton. Dheweke wis bisa gawe gambar-gambar kang diperlokake kanthi terang-terangan, amarga wis ora ana sujana antarane Amer marang juru sungging. Dene gambar-gambar kang wis rampung enggal dikirim menyang Ratu Zabaa.
Rumangsa oleh kamenangan dene Ratu Zabaa bisa pirsa rupane mungsuh, nanging mungsuhe ora ngerti rupane. Iku bae durung bisa njamin keslametane. Mula Sang Ratu dhawuh gawe luwang sandi kang tembus saka njero kraton tekan panggonan kang rada adoh. Sak mangsa-mangsa yen ana satru kang nedya ngarah patine bisa enggal-enggal kanggo sidan lan lumaris.
Sigeg kang cinarita, dene Qushair kang wis cumondhok ing negara Hirah ora mung antang lan ayem. Dheweke uga tansah merdi reka daya kepriye bisane amales bela marang Ratu Zabaa. Mula bareng wis entuk cara kang dianggep paling becik, ing sawijining dina Qushair sowan ngabyantoara marang Raja Amer.
"Menawi pamanggih kula anak Prabu sampun wancinipun panjenengan dalem amales bela patine kanjeng paman."
"Nanging apa wis kuwagang aku ngrabas ing yuda, Qushair? Ing mangka wis samesthine yen beteng negara Zabaa kang pancen wis prakosa tansaya disantosani."
"Ah... menawi mboten saged kaliyan okol punapa mboten saged kaliyan akal?," wangsulane Qushair.
"Kepriye mungguh pokalmu?", pitakone Amer.
"Gampil. Kula aturi nigas irung kula lan ngiris talinga kula. Sak lajengipun kula ingkang badhe pados cara mrejaya Ratu Zabaa," jawabe Qushair makantar-kantar kebak semangat. Amer kejot penggalihe.
"Aku ora ngerti karepmu lan aku ora tegel gawe cidramu."
"Bilih Anak Prabu mboten kersa nindakaken," klawan ngrogoh gaman landhep kang wis sumadya, "Anak Prabu mboten sisah was semelang. Kula badhe tanggal jawab ing bab punika."
"Sak kersamu dhewe, Qushair. Sliramu luwih ngerti karo pakartimu."
Klawan tangan sigap, nges.... Qushair ngethok irung lan kupinge dhewe. Sak banjure dheweke mlayu metu saka pendhopo kraton. Solahe kaya wong kang mentas nampa bendu lan penyiksa. Playune terus temuju menyang negara Syam. Tekan negarane Zabaa dheweke gereng-gereng ngerintih njaluk pengayoman marang Ratu Zabaa saka pengancame Raja Amer.
Dening prajurit kang njaga gapura, Qushair disowanake marang Ratu. Gumun Sang Ratu dene Qushair wis buntung irung lan kupinge kanthi gubras getih. Banjur ndangu. "Apa darunane dene sliramu, Qushair nganti buntung irung lan kupingmu pisan?"
"Dhuh Gusti Ratu, nyuwun sih pangapunten. Mila kula tebih saking nagari Hirah saperlu nyuwun pangayoman. Saplajeng kula saking mriki kula dipun dakwa dening Amer bin Adij bilih ingkang maeko tindakipun Raja Juzaimah dumugi mriki wekdal kepengker puniko dalem. Lan kaprajayanipun Raja Juzaimah punika amarga pokal dalem kangge nulung panjenengan, Gusti. Piyambakipun duka yayah sinipi dhateng kula, ngantos tegel damel cidra irung tuwin kuping kula. Kula dipin tundhung. Ing mangka kula wantun sumpah kaliyan Gusti ingkang adamel Ka'bah, dene kula tiyangipun ingkang paling setya dumateng Juzaimah. Ing bab punika kula mboten seneng goroh, Gusti. Lan sepindhah malih kula dhateng mriki nyuwun pangayoman, Gusti. Amargi kula ngertos bilih Gusti Putri mboten tegel menawi dalem mlarat ing negari Syam ingkang adil lan makmur punika." Mangkono ature Qushair kebak panalangsa, kang pranyata bisa ngruntuhake rasa welase Ratu Zabaa. Mula Qushair dililani urip ana ing kraton. Dikurmati sak lumrahe tamu, diwenehi salin cukup lan panggonan kang minulya.
Bareng wis sauntara suwe anggone cumondhok ing kraton, Qushair enggal antuk kapercayan saka kabeh kulawarga kraton. Dhasar Qushair mono pinter ulah sandiwara. Lan ing sawijine dina Qusahir munjuk atur marang Ratu Zabaa. "Gusti Putri sesembahan dalem, menawi karenan ing penggalih lan angsal idi pangestu, dalem badhe mundhut donya brana kula ingkang katilar wonten ing negeri Hirah. Menawi walaka donya brana kula punika kathah sanget. Mugiyo saged kula dermakaken kangge kabetahan kawula alit ingkang sangsara panggesanganipun. Utawi kabetahan para prajurit kangge nyantosani beteng negari."
Nampa panyuwune Qushair kang wis kapercaya kuwi, Sang Ratu ora kabotan. Malah Qushair diombyongi sangu sakcukupe.
Tekan negara kang dituju, enggal-enggal dheweke ngadhep Amer. Kabeh wewadi kang disumurupi ana ing kraton Zabaa diaturake marang Raja Amer. Mula Amer ora eman ngetokake kabeh kabutuhane Qushair saka kas negara. Ya saka kono kuwi Qushair oleh barang-barang edi peni kang sekira bisa gawe rena penggalihe Ratu Zabaa.
Ora kacarita lakune Qushair saka negara Hirah, kanthi nggawa bandha kang akeh pengajine lan sarwa endah-endah. Gawe sengsem sapa bae kang Ningali.
Slamet ora ana alangan apa-apa ing tengahing dalan nganti tekan negara Syam. Lan bareng Ratu Zabaa pirsa kahanan kang sarwa nengsemake kuwi saya kandel rasa kapecayane marang Qushair, awit kabeh wicara lan solah bawane dicocogake karo kahanan. Ora ana kang memper disujanani, nadyan ta Qushair mono mungsuh kang mbebayani. Nugraha lan pakurmatane tansaya ngluwihi tinimbang wektu-wektu kepungkur. Apa maneh Qushair mono ya pancen pinter mbumboni rembug praja kanthi atur-atur lamise.
Ing sawijining kalodhangan Qushair munjuk atur marang Ratu Zabaa nalika dheweke ditimbali saperlu kajak pirembugan bab ruwet renteging praja.
"Duh Gusti, miturut pemanggih lan pangeman dalem, lan miturut kalimrahanipun para Raja lan Ratu, punapa boten sae menawi Gusti Putri adamel papan sandi kangge singidan. Jer kula lan panjenengan punika mboten saged anduga bilih sakwanci-wanci wonten mengsah ngrabaseng yuda, sarana dumadakan?"
"Papan sandi kanggo singidah? Karepmu apa, Qushair?" Ratu Zabaa nlesihake.
"Papan sandi kangge sesingidan punika upaminipun luweng ingkang saged tembus antarane kraton dumugi panggenan ingkang radi tebih, Gusti. Ing pangajab panjenengan dalem saged enggal-enggal loncat saking bebaya," sambunge Qushair.
"Ah, ing bab kuwi sliramu ora susah sumelang. Aku luwih ngerti kabutuhanku. Kang kok aturake kuwi wis tak gawe, malah wis kepara suwe," jawabe Ratu Zabaa kang rumangsa luwih pinter. Banjur nganti ketrucut kabeh wewadi kang penting dibeberake marang Qushair. Qushair ndomblong api-api mbodhoni. Lan tansaya akeh olehe memuji marang kapinterane ratu gustine. Ing atase wanita nanging ageh pratikele jembar lan wicaksana. Dene sing dipuji saya bombong penggalihe.
Si pendhek Qushair kang julig, bareng wis rumangsa akeh wewadi kang disumurupi, entuk kalodhangan maneh bali menyang Hirah. Mesthine olehe pamit nganggo alesan arep njupuk donya bandhane kang isih akeh katinggal ing kana. Tekan Hirah kang dijujug sepisanan ora liya kejaba kraton Amer. Lan wewadi ing negara Syam tumplek bleg diaturake marang Amer. Sakwuse kuwi daya lan paeka dironce sakbecik-becike, amrih bisa kasil nrabas beteng negara Syam.
Ing wektu kang ditemtokake wis dikumpulake para prajurit kang gagah-gagah lan prakosa klawan sigap gegaman. Saben prajurit mlebu karung ditaleni ditumpakake onta. Saben onta siji dimoti prajurit loro kiwo tengen. Dene ontane akeh banget wilangane. Raja Amer dikanthi dhewe dening Qushair. Ora suwe dibudhalake.
Iring-iringan onta kuwi katon dawa banget. Para prajurit wis padha siyaga lair lan batine, dene sedhela maneh ngayahi pakaryan kang abot sanggane.
Bareng wis meh tekan gapura kraton negara Syam, enggal-enggal Qushair mlayoake jarane ndhisiki ngadhep sowan ing ngarsane Ratu Zabaa.
"Gusti Putri sesembahan dalem. Ing wekdal sakmangke, dalem aturi mirsani wonten ing ngajeng gapura. Kula sampun mbekta pinten-pinten onta ingkang ngemot raja brana. Lha punika saben onta setunggal mbekta karung emas lan selaka. Sedaya punika namung kula caosaken dumateng panjenengan dalem minangka atur raos matur suwun dalem dumateng Gusti Putri. Dene Gusti Putri sampun kersa paring pangayoman dateng kula."
Gumbira penggalihe Sang Ratu ora kena kinayangapa, bareng pirsa pirang-pirang atus onta kang sajake padha kabotan nggawa karung isi emas lan selaka. Nanging apa ya temen isi raja brana? Apa bener kasugihane Qushair nganti kaya mengkono? Mula nganti kawetu batine Sang Ratu sarana geguritan:
Apa darunane dene onta
padha alon lumaku
mbebongkok emas apa wesi
sajak abot barang kang pinikul
bisa uga manungsa kang ngebot-boti.
Ora suwe barisan onta wis padha mlebu tekan alun-alun ngarep pendhopo kraton. Sakwuse diwenehi komandho supaya karung-karung kuwi diudhunake, wong-wong padha miwiti mbongkar isine. Lan tanpa kanyana sakdurunge, isi karung padha metu sumebarmawurahan. Para prajurit Hirah kang pinilih tandhing ngamuk mbantheng ketaton. Kabeh wong kang tinemu ing kono ora bakal luput saka pedhang-pedhang kang ngelak getih. Geger gender swarane wong-wong kang golek pangayoman disambung para paraga kang kaselak mati sakdurunge ngerti apa kang dumadi. Onta-onta kang mau manut lulut, bareng weruh ributing swasana banjur padha mlayu salang tunjang.
Ngerti bebaya kang nguwatiri awake, Sang Ratu enggal racut busana siyap siyaga nylametake awake. Lweng sandi kang pancen sumadya kanggo sesingidan enggal dileboni. Nanging kabeh tindak lakune Sang Ratu ana mripat kang tansah nggatekake. Sapa maneh kejaba Qushair kang ngerti kabeh wewadi.
Amir bin Adij kang wis kebak pangigit-igit ing njero atine, diglandhang Qushair menyang tembusan luweng sandi. Sakmangsa-mangsa Sang Putri metu saka luweng, kuwi jejibahan kang kudu dirampungake.
Ora suwe bener-bener Sang Putri metu saka luweng sandi. Katon kejot banget Sang Putri bareng pirsa yen ing kono wis nyegat Raja Amer bin Adij. Sang Putri enggal pirsa karo rupane Amer amerga gambar-gambar talik sandi kang diutus biyen.
Amer bin Adij kang wis sumadya pedhang ligan uga kejot banget atine. Ora amarga wedi lan kuwatir nganging kejot amarga sesawangan kang dinulu kuwi adoh saka pangirane. Kasulistyane Putri Zabaa pranyata gawe kedher jiwa tarunane. Ing batin tuwuh rasa kasmaran lan gumun. Dene ing salawas uripe lagi sepisan iki mrangguli wanodya sulistya kang tanpa tandhing.
Mula ora nglengkara yen rasa kasmaran kuwi banjur tuwuh niyat aret murungake jejibahane. Jejibahane baku nyaur patine pamane kang wis suwe anggone ngencana.
Eman dene Putri Zabaa ora tanggap marang sorot netrane Amer kang wis kasmaran wuyung. Upama Sang Putri pirsa yen Amer wis kedanan marang kasulistyane, kira-kira kurban negara Hirah bakal tambah cacahe.
Putri Zabaa mung eling yen dheweke dijlomprongake Qushair minangka pengkhiyanat negara. Lan bareng wis ora ana ikhtiyar maneh kanggo nyametake awake, Sang Putri enggal-enggal nyucup ali-ali inten kang ora nate ginggang saka driji manise. Ali-ali kang ing njerone kasimpen racun wisa kang mandi banget. Ora suwe kuwandane lemes ambruk andhepani bantala.
Awit kuwi negara Syam dadi telukane negara Hirah.
------oO C U T H E L Oo----------
(JARWAN BEBAS SAKA 'LEMBAGA HIKMAT' KARANGAN HAMKA)
Katulis dening Achmadi Haspranto, SMP Pancasila, Sirahan Cluwak, Pati.